Dening Anjrah Lelono Broto
(Satu dari sekian cerita cekak dalam buku Kumcrikak "EMAK, SAYAK, LAN HEM KOTHAK-KOTHAK" - ISBN 978-602-6931-06-1)
Buku Kumcrikak "EMAK, SAYAK, LAN HEM KOTHAK-KOTHAK" |
Saben kupinge Endah keprungu langgam Mawar
Biru kuwi, atine Endah mesthi samodra susu nalika diubek-ubek para dewa nalika
ngupadi tirta amerta. Rasane ora karu-karuwan. Moyag-mayig. Mubeng seser ora
kena ginandolan rapet.
Kaya dene esuk iki, salah sawijine
penyanyi ing adicara penutupan pelatihan guru bahasa daerah sak provinsi Jawa
Tengah iki ana kang nembangake langgam Mawar Biru. Embuh pancen wis dirancang
sadhurunge, apa mung merga nuruti panjaluke para tetamu, nanging maneh-maneh
atine Endah kaya dijiwiti-dislentiki nalika ukara-ukara lirik langgam Mawar
Biru mili saka lathi ndamis penyanyi kuwi.
Lungguhe Endah dadi ora jenak. Rasane
pengin gage oncat saka ruwangan auditorium kang magong-magrong kuwi. Ora kuwat
rasaning ati ngrungokake langgam Mawar Biru tekan puput. Nanging kepriye maneh.
Minangka salah sawijining sepuluh peserta teladan jroning adicara pelatihan
iki, Endah ora bisa ngunu wae ninggalakake ruwangan. Isih ana agenda penyerahan
piagam, tali asih, lan foto bersama. Kabeh mesthi alok-alok, saumpama Endah ora
ngatonake irunge kang ngrungih kaya finalis-finalis Putri Solo kuwi.
Atine kang kroncalan ngampet rasa pangrasa
marahi lathine dicokot rapet. Sabisa-bisane Endah ora mewek. Nanging lelakon
kependhem kang nggoda ati kaya disawatake munggah ngetutna wiramaning suling
lan genjrengan cukulele ing langgam Mawar Biru. Dhurung nganti setengah lagu,
mripate Endah saya krasa anget, krasa kaca-kaca. Minangka wanodya kang tinitah
ringkih njaga rasa pangrasa, pengin rasane Endah mbengok sarosane lan
ngandegake mlakune wirama nganyut-anyut langgam Mawar Biru.
Pengin rasane, saben keprungu langgam
Mawar Biru, kupinge Endah ditutup rapet nganggo bantal sewu. Amarga saben
keprungu uleming wiramaning dalah ukara-ukara liris langgam Mawar Biru, luh ing
tlapukan mripate Endah rasane meksa ambrol, ora kena diampet. Luh tangis kebak
rasa nelangsa, ngelingi langgam Mawar Biru kuwi klebu tembang wajib kang kudu
katembangake bebarengan klawan priya gegantilaning ati. Priya apasuryan panengahe
Pandhawa Dyan Permadi kang nggaduhi ati Buta Rambut Geni. Dheweke pranyata
mblenjani janji, ora ngupakara ngrembuyunge tresna dalah kapitayane Endah.
Kanthi pawadan kang ora nate tekan ing pikire Endah tekan seprene, priya kuwi
milih sesandingan klawan wanodya liya ing dhampar kencana areronce plengkunge
janur kuning.
Dhuh, laraning ati iki.
Dhek semana, nalika kroncong-an bareng
kanca-kanca ing kampus, priya kuwi tansah njaluk Endah nembangake Langgam Mawar
Biru. “Slirane yen nembang Mawar Biru, saya katon ayu lho, Dhiajeng,” mengkono
kandhane priya kuwi saben-saben njaluk.
Lan ora mung Endah kang nuli mleruk nalika
keprungu panjalukan kuwi, kanca-kanca kang nyekel biola, suling, cukulele, uga
kang mung urun keplok thok sing ana ing kono mesthi terus suwat-suwit kaya
nggoda jaranan ngamuk. Lan priya kuwi mung ngembang tebu nuli mapan-mapanake
anggane sing pengkuh kaya satriya Madukara kuwi supaya luwih kepenak olehe
ngematake langgam Mawar Biru.
“Apa mung langgam Mawar Biru kang nurut
panjenengan kepenak diematake, Mas? Yen mung Mawar Biru, rasane kok ora
ngurmati swargi buaya-buaya kroncong Indonesia liyane,” takone Endah ing
sawijining wengi bubaran kroncong-an.
Priya kuwi ora gage paring wangsulan. Mung
mripat landepe kang marahi wanodya-wanodya sing nyawang gulung gemak ora
karuwan tumlawung adoh. Mabur mesat ing akasa, ngebyarake swiwine ing mega-mega
lan ngumbar esem nyalawadi kang ora kena ginurit.
Sawise ambegan gedhe kaping pindho, priya
kuwi lagi mangsuli; “Hmmm, iki perkara ati, Jeng. Aku dhewe ora bisa
mangerteni, mung nalika langgam Mawar Biru katembangake, rasane mung ana rasa
suka. Renaning ati iki kaya-kaya aku iki lagi manggon ing swargaloka kinrubut
widadari patang puluh cacahe kang kabeh swarane ulem merak ati,”
“Nembangake langgam Mawar Biru, Mas?”
ubere Endah aleman.
“Iya, lan kabeh praupane kaya panjenengan,
Dhiajeng,”
Jiwit cilik kang ora marahi mbranange
kulit mampir ing lengene priya kuwi. Atine Endah mbedodog sakendog manuk
garuda. Langit wengi kutha Solo kang peteng kuwi sakkala kebak werna ing
panyawange Endah. Pindha pelangi ceblok ing mangsa ketiga, wengi kuwi krasa
mranani atine Endah kang lagi ketaman rarasmara.
Nanging, kayadhene cahya pelangi ing
langit kang musna nalika udane lunga, endahing crita asmara Endah klawan priya
kuwi uga nemoni cutheling lelakon. Tanpa udan tanpa angin, dumadakan priya kuwi
kaya ilang diuntal bumi. Tanpa katrangan kang gumathok, priya kuwi dumadakan
wis ora ndosen maneh neng kampus. Kost-kostane kosong mlompong malah ninggalake
tunggakan kang ora sethithik.
Tanpa isan-isin, Endah nglari playune wong
lanang kang ditresnani nganti tanah klairane. Sawise surat-surate Endah tansah
dicangking bali dening Pak Pos, Endah keraya-raya nglari menyang pulo sabrang. Nanging, pranyata
alamat ingkang nate dituduhake marang Endah dhek semana tibake palsu. Endah
bali menyang Solo nggawa ati semplah. Ora kaya lelakon asmara jroning langgam
Mawar Biru kang lunga kanthi pamit, priya kuwi malah ora ninggal lacak babar
pisan. Embuh saiki ing ngendi?
Sawise meh setaun dadak ana kanca ing
kroncong-an kampus kang ngabari yen nembe ketemu priya kuwi ing Jakarta, ing
sawijining kafe. Priya kuwi dadi sawijining broker valas kang parlente. Nalika
Endah nguber alamat kang kena dikontak, kanca kroncong-an kuwi malah menggak
alus.
“Pak Danu sing daktemoni wingi dudu Pak
Danu ing kampus mbiyen, En. Pindha langit klawan bumi, dheweke malah api-api
ora kenal nalika ketemu wiwitan. Mudhun panggung, aku manek-manekake murugi
mejane kang kebak kolega lan wadon-wadon ayu sing jelas kuwi kena diajak
ngamar. Lan priye coba panyapane, mung ngene; swaramu tetep kepenak, Tari.
Byuh, pengin rasane dakkrawus raine!!”
“Ri, apa kowe takon ngenani aku?” Endah
ora bisa ngempet.
“Iya, jelas. Wangsulane byuh jian ora
simpatik. Sepurane aku ora bisa nirokake. Sepurane tenan, mengko atimu saya
lara yen keprungu,”
Kanca wadon kuwi ngatonake rasa sengite
jroning ukarane. Rasane ora mung kegawa solider marang kanca pada wadone kang
dikhiyanati wong lanang, nanging rasa sengit kuwi rasane luwih saka kuwi.
Kanthi alus, kanca wadon kuwi nuli ngerih-erih Endah supaya nglalekake priya
kuwi. Ukara-ukara ngenani solah bawane priya kuwi kang saiki beda satus wolung
puluh derajad, ambane donya ora mung sakgodhong kelor, lan isih akeh
priya-priya liya kang sejatine ngendem rasa kasmaran marang Endah, kemricik
nglelipur pepesing ati.
Ora mung saka kanca siji kuwi, mbaka
sethithik Endah oleh sisik melike priya kuwi saka para dosen dalah bala-bala
sakkostane mbiyen ing Solo. Priya kuwi pranyata wis nikah klawan wanodya
Semarang, prawan kasep nanging pe-en-es lan nduweni warisan kebon teh ing
Brebes kang kena digawe bal-balan wong sakkutha Solo.
Pranyata endahing rasa tresna kang
diduweni Endah kalah dening endahing gebyar bandha donya. Danuarta Samudra,
priya kuwi pranyata samar krana gebyar, ulap dening mas picis rajabrana lan
tega ninggalake wanodya kang tansah sedya nembangake langgam Mawar Biru
karemane.
“Panjenengan sakit?” swara wadon
cumlengking mbuyarake lamunane Endah. “Napane kang sakit?” tambahe maneh.
Endah gage gedheg. Angen-angene kang
digawa mlayu adoh menyang mangsa-mangsa kawuri dening langgam Mawar Biru buyar
dening panyapane wadon setengah umur ing sisihe. Senadyan wis katon dimangsa
umur, kasulistyane wadon setengah umur kuwi isih katon ngegla.
Gage tangan ngrayahi tlapukan mripate,
kuwatir wis ana luh kang ceblok. Wadon setengah umur kang lungguh ing sisihe
kuwi nuli ndemek bathuke Endah. Nuli ana sunar leganing ati mletik saka
panyawange, genah awake Endah waras-wiris. Nanging, sing lara kuwi dudu
anggaku, Bu. Sing lara kuwi ati wadonku, grenenge Endah jroning ati.
Wadon setengah umur kuwi nuli mamerake
untune sing miji timun.
“Eman, adicara kaya ngene kok ya gage
ndang rampung ya, Bu?!”
“Genah yaw is telung dina ngaten, napa
taksih kirang?” saure Endah isih kamiseselen amarga dhurung njangkepe pikir,
nanging Endah pengin nglegakne gunem.
“Aku yen ing ngomah ki ora betah, Bu. Ya
mung neng sekolahan utawa ketemu kanca-kanca guru kaya ngene iki kang marahi
ayem,” mbaka sethithik sumringahe sing sadhurunge cumithak pasuryane wadon
setengah umur kuwi nuli mbleret.
“Ah, njenengan kuwi lho, ketemu para
putra-putri neng ndhalem rak ya marahi ayem?”
“Bejaku, Bu, nganti mapag pensiun ngene,
kula dhereng diparingi momongan,”
“Nyuwun pangapunten, saestu kula nyuwun
pangapunten menawi caturan kula niku wau mboten mranani penggalih,”
“Mboten menapa, Bu, pancen kanyatane
ngoten. Kula piyambak olehe omah-omah pancen radha kasep. Kanca-kanca
sakbarakan wis pada mangku putu, kula putra mawon mboten wonten ana sing
ngenger,” sunaring cahya ing praupane wadon setengah umur kuwi saya surem,
“Kula sampun kaping pitu keguguran!”
Angen-angene Endah nuli kaseret dening
lelakon rekasa wadon setengah umur kuwi. Pindha mitra raket kang tetaunan ora
ketemu, wadon setengah umur kuwi tanpa sabawa nyritakake lelakone olehe mbangun
bale somah tanpa tinunggon putra-putri. Tanpa tedheng aling-aling, dheweke
njlentrehake larane awak lan ati krana penyakit kang tumempel ing anggane.
Tanpa basan-binasan maneh, wadon setengah umur kuwi nyuntak semplahing ati
marang Endah kang lagi lungguh neng sisihe.
Mawar Biru - Sumber: https://2.bp.blogspot.com/ |
“Kuwi sajenis virus tokso, kanggone wadon
kaya kita, virus kuwi ora mung ngrusak awak, nanging uga bisa ngrusak bale
wisma. Wong lanang endi kang betah neng ngomah yen mung ditunggoni wadon tuwa
kang aku iki,”
“Menapa njenengan remen klawan kucing?”
“Lha, nggih niku, Bu, jalarane. Kula wiwit
cilik pancen remen kucing, kula gendang-gendong, kula keloni, kula ambungi.
Kamangka virus kuwi nyebare saka wulune kewan, ing antarane kucing utawa asu,”
“Kula nggih nate maca bab menika ing
internet, Bu, mangkane kula nggih ati-ati klawan kucing lan asu,”
“Sampun, sampun, sampun, Bu,
mandeg-mandega kula mawon kang nglakoni. Panjenengan taksih ayu, taksih bisa
peputra siji-loro engkas. Bapake mesthi isih betah neng ngomah wong ditunggoni
mantune Pak Jokowi ngene iki,”
Atine Endah bali gronjalan keprungu
ukaraning wadon setengah umur kuwi kang pungkasan. Nuli dheweke genti crita yen
dhurung mangun bale wisma krana atine dilarani dening priya. Tekan seprene,
dhurung ana priya liya kang bisa nothok lawang atine. Senadyan nyangking
lelakon pait, Endah ngakoni yen dheweke dhurung bisa nglalekake Danuarta
Samudra lan mbukakake lawang atine kanggo priya liya. Gentinan, saiki Endah
kang nuli ngebrolake lelakone marang wadon setengah umur kuwi.
“Eh,
ngomong akeh wiwit mau, kok ya dhurung tetepangan. Kula Winarsih, Winarsih
Setyawati. Njenengan?”
“Endah Kusumawardani,”
“Eh, Bu, njenengan ki tibake perlu
rehabilitasi pasca traumatik. Sampun dilebokake ati, lho, namung guyon,”
langgam Mawar Biru wis suwe ora keprungu saka panggung adicara, “Kula kok dadi
penasaran, kepriye modele wong lanang kang bisa ninggalake wadon ayu
saksembarang kalire kaya panjenengan ngaten, Bu.”
“Mboten menapa, Bu. Nanging, saben kanca
ingkang kula critani lelakon kula mesthi paring pititur supaya nglalekake priya
nggatel ati kuwi, kok panjenengan malah penasaran pengin kula ngeling-eling?!”
“Penasaran mawon, Bu. Kok ana priya kang
tega ninggalake wanodya kaya panjenengan, gek tanpa pamit pisan. Ayo, Bu,
sinten asmane priya ora beja kuwi?! Kula saestu penasaran?”
“Priya kaya ngoten kok marahi penasaran
ta, Bu?”
“Panjenengan nganti tetaunan ora bisa
ngipatake wewayangane kamangka mesthi akeh priya-priya kang nyoba nyedhaki, iya
ta? Kuwi kang marahi penasaran, kok nganti panjenengan ora gampang bisa
nglalekake. Ngganthenge apa gombal mukiyane?” guyu renyahe wadon setengah umur
kuwi nututi gojegane.
Endah akhire ora bisa nulak.
“Priya kuwi seneng kroncong, kados kula,”
“Hmmm, terus-terus!!”
“Senengane langgam Mawar Biru,”
“Lho!! Terus-terus, asmane sinten?”
Wadon setengah umur kuwi terus nguber.
Tanpa panyakrabawa Endah nuli nyebutake jenenge panengahe Pendhawa Dyan Permadi
kang pranyata aten-atenane kaya Buta Rambut Geni kuwi, “Mas Danu,”
“Danu sinten, jangkepe, Danu sinten?”
“Danuarta Samudra,”
“Hahahahahaha….”
Guyu lakak-lakak kutah saka tutuke wadon
setengah umur kuwi. Nganti kabeh nguncalake panyawange ngener pernahe lungguhe
sakloron. Ana tandha pitakon sakkulkas gedhene munyer sandhuwuring Endah amarga
kutahe guyu lakak-lakak kuwi ora gage ndang leren. Nganti ana eluh mili saka
mripate wadon setengah umur kuwi, guyu lakak-lakake dhurung uga bisa leren.
“Bu… Bu… Bu… Sampun, Bu. Mboten kepenak,
disawang tiyang-iyang kae lho,”
“Ingih, inggih, inggih,” kanthi isih
kamisosolen, wadon setengah umur kuwi nyoba nguwasani awake. Nanging, siji loro
guyune isih mbrojol ora kena diampet. “Bener, kanca-kanca panjenengan, Bu.
Lalekake mawon priya kuwi? Gawe napa tansah ngeling-eling priya kang seneng
nglarani ati wadon kuwi. Kula mawon inggih nyoba nglalekake kok,”
“Heeeee…”
Endah njengengek, donyane rasane mubeng
seser. Sewu lintang pating sliri jroning mripate. Sirahe klemun-klemun. Lan,
langgam kang keprungu saka panggung adicara wis dudu Mawar Biru.
CUTHEL
Padepokan
Girilusi, Juni 2015