Sabtu, 18 April 2020

Cerkak “KOTAK BIRU BENHUR” Karya Indah Patmawati



dening; Indah Patmawati



Suryani age-age nututi sepur sing lagi mlebu stasiun. Wengi krasa atis, ning ing njero stasiun sewalike, rada sumuk jalaran akeh wong sing padha lungguhan nunggu sepur sing bakal dituju. Jam sewelas seprapat, sepure wes mandeg. Suryani, munggah nuju gerbong pitu.
Sakwise ketemu nomer lungguhane, Suryani banjur nata barang-barang neng 'kompartemen' eh bagasi ding.
Udan riwis-riwis. Yen ngene ki sakjane sing enak yo turu mlungker neng kamar. Neng merga ngemban jejibahan dadi abdine negara. Gelem ra gelem Suryani ya kudu nglenggana polahe wira wiri. Yen ing zaman Saiki, Suryani iku kalebu 'lajuwer' ngono....
Urung ana sing mlebu gerbong pitu. Suryani menga mengo golek kanca, mbok menawa ana sing kenal. Walaah rung ana wong blas.
Wengi iki Suryani duwe pangajab pengen ketemu maneh priya sing bisa gawe gemetere atine. Wes kaping telu deweke olehe ketemu. Yen Saiki ketemu dadi yo ping papat.
Asmane Mas Samsudin, umure kira-kira telungpuluh lima. Priyayine anteng, kalem ning yen wes kadhung cerita prasasat ora ana mandheke. Suryani rumangsa klik yen wes ngobrol karo Mas Samsudin.
Mas Syamsudin iku, sejatine daleme cedhak karo kos-kosane Suryani. Mula, Minggu kepungkur nalika ketemu wes kencan arep silaturahmi. Njilalah, yen arep muleh neng kosan ngliwati dalan sing nuju omahe Mas Samsudin.
Suryani ndelok jam ing HP ne, kurang limang menit engkas sepure budhal.
Wengi saya tintrim, gerbong pitu sepi. Mung ana wong loro, ning panggonane rada adoh, neng pojokan cedhak KM.
"Sugeng dalu, dik?"
Suryani mara kaget, mripate wes lier-lier arep mapan turu, nalika ana suara lembut sing nyapa.
"Eh, Mas Samsudin. Nomor pira lenggahe Mas?" pitakone Suryani.
Samsudin mesem, njur nduduhke tikete.
"Wowww, lak jejer mas," aloke Suryani bungah.
Mas Samsudin lungguh neng jejere Suryani. Ora let suwe, wong loro mau wes asyiiik ngobrol. Ilang ngantuke Suryani.
"Wes, sesuk muleh kantor tak mampir Yo Mas?"
"Iyo, Dik," wangsulane Mas Samsudin karo rogoh-rogoh jero tase.
"Sampeyan engko bakal ketemu ibuku, lho?" kandhane Mas Samsudin setengah nggoda. "mengko yen sampeyan dikira calon mantune, aja nesu ya. Ibu pancen pengen banget ndang mantu."
Mas Samsudin nerusake celathune karo ngguyu.
Mak siirrr, Suryani semu isin. Gegojekane Mas Samsudin sejatine marahi atine bungah. Apa maneh nalika nyawang netrane Mas Samsudin pindha gumebyaring lintang panjerina. Suryani tansaya yakin yen deweke lagi jatuh cinta.
"Dik, aku titip Iki ya..." kandhane Mas Samsudin ngagetke Suryani sing lagi nglamun.
"Apa mas iki?"
Suryani nggumun nalika Mas Samsudin nyerahke kotak warna biru benhur.
"Iki isine cincin, Dik,"
"La kok dititipkan aku Mas, saiki apa sampeyan gak kondur? Nek sampeyan gak neng dalem, aku gak sido mampir lo?" kandhane Suryani karo namatke kotak biru benhur kui.
"Sesok aku yo ning omah to, Dik. Ning esuk Iki mudhun stasiun aku ana gawean sing penting. Dadi kotak Iki tak titipke sampeyan."
Suryani mung manthuk, ora tegel yen nggawe kuciwane Mas Samsudin. Priyo sing dadi idamane.
Wengi saya tintrim, gerbong pitu sepi. Mung atine Suryani sing rame pating cloteh, ngudarasa olehe nandang asmara. Rasa Tresna sing mulai ngrembaka jroning dhadha.
Mak les...Suryani ra kuwat. Keturon!
"Mbak, mbak...wes meh teka,"
Suryani gragapan. Olehe turu sajak angler tenan. Lagi jam telu seprapat. Dilut ngkas sepure mandek stasiun Malang.
Mas Samsudin wes ora ana neng sandinge.
Suryani nggumun sampe tekan Malang kok yo ora ana kancane lungguh neng gerbong pitu iki. Mung wong loro sing lungguh cedhak KM, isih urung mudhun. Mbokmenawa tujuane padha medhun stasiun Malang.
Parak esuk, sak wise tekan sumber Pucung. Hawane sansaya adem. Mak brebel mambu kembang wangi. Suryani mengkorok githoke. Dheweke age-age nganggo masker, ben ora mambu kembang. Ning ganda arum wangi mau ora ilang-ilang.
Suryani dedonga jroning batin. Mripate merem. Ora biasane mambu kembang neng jero sepur. Ora nganti seprapat jam sepur wes tekan stasiun Malang. Suryani age-age mudhun. Lakune rikat kaya ana sing nguber. Bareng wes tekan ruang tunggu, Suryani lungguh nata ambegan Karo nyawang, sepur sing bar ditumpangi.
Bolak-balik diuwaske nomere gerbong. Kok ora ana gerbong nomer pitu. Suryani penasaran njur mlaku menyang kantorane, nuli nekokne kok ora ana gerbong pitu.
"Gerbonge mung enem mbak," wangsulane petugase.
"Niki lho Pak tiket kulo, gerbong nomer pitu," ujare Suryani karo ngelungake tikete.
Petugase mesem bareng maca tikete Suryani.
"Niki nomere gerbong papat mbak, sampeyan pirsani to,"
Suryani plenggang plenggong, wong enek limang jam lungguh neng gerbong pitu kok jare tikete gerbong papat.
Suryani nuli metu saka ruang tunggu. Sakwise pesen grab, dheweke mlaku arah ngulon rada adoh saka stasiun. Biasane sopir grab pancen ora wani njupuk penumpang neng sekitar stasiun. Timbang bengkerengan karo taksi utawa mobil carteran sing magrok neng stasiun.
Karo ngenteni tekane grab sing kira-kira sak menit engkas, Suryani nggoleki kotak warna biru benhur titipane Mas Samsudin.
Lagi ping papat Iki ketemu karo Mas Samsudin njelalah ketemune mesti neng gerbong pitu, kok wes dipercaya dititipi kotak biru sing isine cincin. Apa gak wedi nek cincine tak gawa mlayu utawa tak gadekne ngono ya.
"Mbak Suryani nggih," pitakone sopir grab nyedhaki Suryani.
"Nggih, Pak."
Suryani njur mbukak lawang mobil. Durung sampe ngombongke arah tujuanne, sopir grab sing wes katon sepuh mau ngelungi banyu ngombe sak botol cilik.
Suryani mung gedhek-gedhek ora gelem, sebab dheweke wes nggawa sangu banyu putih.
"Mbak, insyaallah tonya niki manfaat kangge sampeyan. Sekedhik mawon mboten napa-napa. Sing penting sampeyan sampun ngunjuk."
Suryani mrongga mranggu, dheweke pancen kudu waspada. Aja sampe kenek apus-apus dening liyan. Saiki moduse kejahatan kuwi rena-rena.
"Mangke menawi sampeyan pun ngunjuk, kulo ceritani, Mbak."
Sajake waskita sopir grab mau. Ngerti Suryani sing katon wedi, nalika kon ngombe banyu neng botol mau.
"Bismillah mawon mbak, insyaallah mboten napa-napa. Niat kulo sae biyantu sampeyan,"
Pungkasane Suryani gelem nampani banyu sing diparingi sopir grab sing aran Pak Alim.
Kanthi maca bismillah, Suryani ngombe banyu. Rong clegukan. Sak nalika, dheweke krasa padhang pikire. Atine uga krasa tentrem.
"Matur suwun, Pak Alim. Kok kula kraos nbenten nggih. Entheng tur padhang. Alhamdulillah."
Pak Alim katon seneng nalika Suryani gelem ngombe banyune.
"Mbak sampeyan niku saking pundi? Kok wonten ingkang ngetutne," pitakone Pak Alim sopir grab.
Suryani nyritakake olehe numpak sepur neng gerbong pitu, sing jebule jare petugas stasiun ora ana gerbong pitu. Padahal wes sewulan Iki pendhak Minggu dheweken mesti oleh gerbong kuwi.
Pak Alim, bisa maca lan mahami gambaran sing dicritakne Suryani. Pancen sejatine gerbong pitu kui saiki wes ora ana. Dawa critane ning kudu ngati-ngati oleh crita. Aja sampe gawe wedi, amarga pancen sing dialami Mbak Suryani iki dudu sak baene.
Apa maneh nalika Mbak Suryani nuduhake kotak warna biru benhur sing isine cincin, Pak Alim duwe panggraita sing luwih jeru. Kabeh mau ana hubungan siji lan sijine.
Suryani krasa plong, nalika iso cerita neng Pak Alim apa sing wes dialami.
***
"Ngene mbak, sampeyan ki pancen wes dikersakne. Dadi kedadeyan sing sampeyan alami meh sesasi iki yo wes ginaris. Ora sak ben uwong ngalami lan weruh kahanane alam ghaib," kandhane Pak Alim.
Suryani mung meneng karo ngrungokake critane Pak Alim. Sak jane ora mudheng apa sing dikandhakne Pak Alim. Apa maksude 'dikersakne kui', neng arep takon ora wani. Mulane dheweke mung nyemak wae.
"Menawi gerbong pitu niku sejatose wonten napa mboten to, Pak?" pitakone Suryani penasaran.
"Gerbong pitu kui saiki wes gak enek mbak. Sak joke ana prastaswa tabrakan maut ing tahun 1987. Kuwi mono sejatine gerbong sing wes direkadaya supaya iso dimanfaatke maneh. Wes dipermak apik, ing pangangkah iso dinggo nalika wanci riaya, tahun baru, lan wayah preinan.
Nanging, sak ben dilakokne ana wae kedadeyan sing nganeh-nganehi. Ana sing kesusupan, ana sing ujug-ujug bengok-bengok kayak wong keweden ngono kae, ana swara-swara pating jlerit ning ora ana rupane. Mula pungkasane gerbong pitu mau nganti saiki ora nate dinggo."
Suryani mrinding krungu critane Pak Alim. Trus mengku karep apa ya kok nganti meh sesasi deweke kesasar neng gerbong pitu mau.
Nganti saiki rumangsane ya ora ana apa-apa. Panggaweane ya lancar lan ora ana masalah.
Ora bisa diselaki menawa, tuwuh rasa kangen karo priya sing aran Mas Samsudin sing ditemoni ing gerbong pitu mau. Suryani kelingan nalika ngobrol ngalor ngidul, kepenak lan cocok karo selerane. Pancen komunikasine karo Mas Samsudin ya mung neng sepur kui mau. Sak wise mudhun, ora nate kontak. Paling ya mung semayanan minggu ngarep iso sak patemon. Ngono wae we dadekne mongkok atine.
Kira-kira sapa ya Mas Samsudin kui. Nek ngakune ngasto neng pabrik. Lha daleme cedhak kosanku. Trus apa maksude titip kotak biru benhur iki? Suryani bingung, kahanan iki blas ora dinyana. Ora nate duwe panggraita neko-neko.
"Trus, kinten-kinten Mas Samsudin niku sinten nggih, Pak? Kulo kok penasaran nggih." pitakone Suryani marang Pak Alim.
"Nek bab kui Mbak, sampeyan engko nek kondur kantor langsung wae sowan neng alamat sing wes diparingke priya mau. Mugo-mugo ana sisik melik sing nggawe padhang sak kabehane," kandhane Pak Alim karo maringi kertas sing ana nomer HP ne.
"Sampeyan nek enek ruwet rubedane perkara iki, telpon wae gak papa mbak. Insyallah aku saguh biyantu. Miturutku iki ora gawat kok, tinemune bakal apik. Sampeyan kangge sarana, sampurnaning lakon. Ning ya kudu tetep waspada. Dikirimi Al Fatihah Yo Mbak,"
"Nggih, Pak. Matur suwun sanget."
Suryani unjal ambegan landung. Kabeh mau sajak ora tinemu nalar. Mbok menawa bener ngendikane Pak Alim, Yen dheweke mung kanggo srana, sampurnaning Mas Samsudin. Kanthi pitulungan sing ikhlas rila legawa.
"Mugo-mugo tinemu dalam padhang, Yo Mas,"
Suryani ndremimil olehe ndonga.
Mbak wes tekan...
Sedina Iki Suryani ora jenjem olehe kerja, bolak-balik nyawang jam sing gumantung neng ndhuwur jendela ruang kerjane. Kurang limang menit engkas. Ning Suryani wes ora kenti, pengin ndang cepet bali.
Pas jame muleh kantor, prasasat pengen mlayu wae. Suryani age-age neng parkiran njur nyetater motor nggeblas muleh.
Kira-kira ana limalas menit, Suryani wes tekan papan panggonan sing dituju. Clingak-clinguk nggoleki alamat sing wes diparingi Mas Samsudin. Jebul panggonane rada mblebu gang.
Ana omah kuno neng isih katon asri, kaya omah suwung wae. Jare tangga sebelah ana kok sing nunggu omah kui asmane Mbah Siti.
Suryani ndhodhok lawang lan uluk salam.
"Lawange ora di kancing, Nduk. Mlebu wae ora papa,"
Aku noleh marani suara mau karo nepungake mbok menawa oleh inpormasi bab Mas Samsudin.
"Tepangaken Mbah, Kulo Suryani,"
"Iya, Ndhuk. Aku Juminten. Enek perlu apa kowe tekan kene. Arep nggoleki sapa?" Pitakone Mbah Juminten.
"Kula madosi daleme Mas Samsudin, Mbah. Napa leres niku daleme. Ibukipun Mas Samsudin napa wonten nggih?" pitakone Suryani marang Mbah Jum.
"Apa? Samsudin?"
Mbah Jum mlongo lan mendelik sajak kaget.
"Wes ayo...tak terne mlebu omah, kae enek Mbah Siti," ujare Mbah Jum karo ngglendheng Suryani mlebu omahe Mas Samsudin.
"Sit, Iki lo ana sing nggoleki,"
Suarane Mbah Jum alus. Suryani kaget setengah mati, bareng weruh sing asmane Mbah Siti. Kahanane nggawe trenyuhing ati, rambute rowe-rowe sajak ora jerawat. Awake kari balung karo kulit. Mripate mencereng neng kosong. Trus piye nek arep ngomong. Suryani bingung. Mbah Siti kayak wong ra waras ngono.
"Mbah Jum, pripun niki." Suryani trenyuh atine.
"Yo ngono kui, kahanane Mbah Siti, sak joke ora sida rabi jalaran calon bojone dadi korban kecelakaan sepur, wonge njur ngengleng. Ditambakke neng ngendi wae ora iso mari."
"Dados Mas Samsudin niku sanes putrane, to Mbah?" Suryani isih penasaran.
"Samsudin kuwi calon bojone, Nduk. Yen ibune sing biyen ngrawat Siti, saiki wes seda. Wes bar sewune."
"Mbah Siti niku umure pinten to, Mbah?" Suryani tambah penasaran.
"Kira-kira sewidaklima nan nduk,"
***
Mbah Siti mung mendelik wae nalika Suryani mlaku nyedhaki. Malah katon wedi yen ngerti wong sing ra nate srawung.
Suryani gage ngetokne, kotak warna biru benhur. Alon-alon diulungke marang Mbah Siti. Kotak biru benhur dibuka Suryani.
Kanthi gumeter Mbah Siti nampani.
Bareng weruh kotak warna biru benhur, reaksine Mbah Siti katon beda karo biasane. Pasuryane katon sumringah. Ana esem sing jumlarit ing pucukin lathi lan ana bun kan mencorong ing tlapuking netra. Pirang puluh tahun olehe ngenteni, priya sing wis njiret atine. Lagi Saiki keturutan.
"Kang, iki tandha tresnamu," gumrenenge Mbah Siti karo nyawang ali-ali sing ana matane putih kui.
Kelingan nalika semana rerentengan tuku ali-ali wong loro. Dipilih kanthi sih ing rasa asmara.
Sapa sing ngira, Yen pungkasane mung dadi cerita sing nggempilne ati.
Ora let suwe, Mbah Siti mlayu metu ngomah, bola bali jenenge Mas Samsudin sing dibengoki. Atine katon bungah.
Suryani karo Mbah Jum kamitenggengen nyawang kahanan sing ora sak baene. Wes meh telung puluh tahun Mbah Siti ora nate obah saka omah, ora srawung karo wong, ora pacalaton, prasasat mati ing sajroning urip. Bareng ngerti kotak biru benhur iso mlayu metu omah, oleh daya saka ngendi?
Sak wise sadar Suryani njur mlayu metu nututi Mbah Siti.
Bareng tekan ratan, Suryani kaget nalika akeh wong padha nggrombol, bareng dipiyak Mbah Siti sing wes gubrat getih. Ditabrak montor.
Atine Suryani kayak dilolosi.
"Nduk, matur nuwun ya, kae aku wes dipethuk Kang Samsudin."
Sak durunge les ninggal Mbah Siti isih iso kumecap marang Suryani.
"Tresna kang ora luntur, najan kapegat dening dawaning wektu lan ilange raga, kabeh tinemu ing manunggaling rasa,"

Tamat.
Madiun, Maret 2020

Catatan:
Diposting secara berkala di laman Facebook penulisnya; www.facebook.com/indahpatmawati.





Tentang Penulis
Indah Patmawati, lahir di Madiun pada tanggal 07 Desember. Usai meniti jenjang pendidikan di SPGN Madiun, IKIP PGRI Madiun, Unisma Malang, sekarang tercatat sebagai Widyaiswara P4TK PKn dan IPS Kemdikbud. Penulis dwi bahasawan (Indonesia dan Jawa) ini esai, cerpen, dan puisinya bisa dibaca di ceentina.com, kampoengjerami.com, dan gurusiana.id. Tinggal di Madiun, dan dapat disapa di FB-nya: indahpatmawati.